Natkala playune Menak Josari tekan salore kali ketututan pangoyake para pangiring temanten, kang banjur direrimuk supaya mbacutake anggone cukur. Nanging bareng bocahe wis gelem cukur maneh, dilalah peso cukure dadi kethul. Kanggo kuwi peso cukur kasebut gageyan digabus si juru paras nganti dadi landhep. Nggabus kuwi ngosek peso cukur nganggo epek-epek utawa walulang samakan, piranti ubarampe t…